SUGENG RAWUH WONTEN BLOG DUSUN SOKATENGAH

Minggu, 21 Juli 2013

Gotong-royong Ndandani Dalan RT.02

Kerigan ngecor dalan RT.02
Dalan ngarepe H.Amir
(bar didandani)
Dalan sampinge Bu Ratmin 
(bar didandani)

Alkhamdulillah, kegiatan kerjabakti (kerigan-red) wengi Minggu 21 Juli 2013 bar sholat Traweh akhire rampung. Kerigan ndandani dalan nang RT.02 RW.03 dusun Sokatengah-Sruweng tepate dalan kan samping umahe Bu Ratmin tekan dalan samping umahe H.Amir di cor maning, wong sing hadir dalam kerigan ± 80 orang. Mulai kerigan sekitar jam 21:00 tekan jam 02:00 dini hari. Kegiatan kerigan dipandegani nang Pak Kadus Sokatengah (Bp. Sugeng Yunianto) serta para staff-e.

PR selanjute...kerigan ndandani dalan nang RT.01 RW.03, dalan arah ngidul yang menghubungkan Sokatengah karo Sokakidul. Semoga cepet terlaksana. Amin YRA..


Jumat, 19 Juli 2013

Kejamnya Terminal Pulogadung

Sekilas info kanggo sedulur kabeh, khususe sing pada nang Jakarta & sekitare. 

 
Awal kisah, dina Minggu tgl. 14 Juli 2013 inyong karo tanggane inyong garep bali meng desa tercinta Sokatengah, anu bar ana keperluan nang daerah Pondok Kopi Jaktim. Ujare angen-angene garep golet tiket Bis sing mangkate mandan gasik ya ora ana liyane panggonan sing edek nek udu nang terminal Pulogadung. Ujare inyong semenjak Jakarta dipimpin Pak Jokowi ya nangdi bae panggonan ya aman termasuk nang Terminal Pulogadung.
Al hasil jam setengah 3 sore tekan terminal Pulogadung, niate garep tuku tiket bis SINAR JAYA (bise AC tur murah, 70ewu tekan umah) sing mangkat jam 3 sore.
Begitu gejruuut...!!! mudun tekan terminal, langsung dikrubuti calo...garep leren nguyuh disit, bee...ora ulih!!! Inyong akhire ngomong meng calo "garep tuku tiket SINAR JAYA jurusan Kebumen (ngomonge sih nganggo bhs Indonesia-lah..)". Terus dipeksa dijujugna meng agen bis, tp agen bis lain udu SINAR JAYA...lha nangkono dipeksa kon tuku tiket bis SAFARI jurusan Jogja regane tiket 2,5 kali lewih larang tinimbang tiket bis SINAR JAYA. Memang tek akoni bise apik AC + toilet. Akhire inyong tuku tiket 2 regane 370 ewu.
Begitu ulih tiket, langsung kon munggah bis...dienten-enteni sejam, rong jam tekan telung jam bise ora mangkat2. Lha, sing medeni maning nang bis kuwe akeh premane...sing berkedok tukang adol kacamata, adol cincin tekan adol buku agama Islam....gelem malak penumpang...gemblung kan!!! Sing dadi sasaran pemalakan wong sing njagong dewekan nang jero bis. Ana sing dipalak 50ewu tekan 130ewu...penumpang liyane ora wani nulungi, anu kancane premane akeh sih..!! Dadi selama 3 jam nang bis isine kaya kuwe...kriminalitas berkedok jualan. Calo2, karo tukang adol segala rupa, blasss ora ana sing puasa...!!! Masya Allah...
Akhire bise mangkat jam 6 sore...tapi ya kuwe, selama 3 jam nang bis atine dag..dig..dug...spot jantung. wong sing njagong pas nang mburine inyong anu dewekan ya kena palak, anu ora aweh2 duit...dadi ditaboki...Tapi alkhamdulillah inyong karo tanggane inyong ora kena palak. (anu mergane inyong komat-kamit karo maca donga....eh embok!!!!). Sing jelas anu njagonge ora dewekan..
Mulane...kanggo sedulur kabeh, sing wis ngerti ya dielingna maning, nek sing urung ngerti ya diwehi ngerti...nek garep bali kampung, hindari terminal Pulogadung...jan kejam banget lewih kejam kan bapak tiri....Nek golet tiket bis mending nang agen2 utawa nek bisa nyegat bis nang dalan ya bisa bae sing penting aman...

Cekap semanten mawon nggih antuke crita pengalaman...mugo manfaat!         

Senin, 01 Juli 2013

Hasil PILKADES 2013

Sedurunge njaluk ngapura ya...aweh info babagan kiye mandan telat.  Infone kaya kiye:
Pesta demokrasi PILKADES Sruweng yang digelar hari Sabtu, 29 Juni 2013 alhamdulillah berjalan kanthi lancar lan aman terkendali. Perhelatan akbar untuk merebut kursi Kades untuk periode 2013 - 2019 ini di menangkan oleh Jago wetan kali alias Bp. RAHMAT HIDAYAT dengan selisih 307 suara mengalahkan jago kulon kali inggih puniko Bp. AMARUDIN.

Mekaten info hasil PILKADES Sruweng. Nuwun.